Selasa, 27 Oktober 2015

PIDHATO, PARAGRAF, WAWANCARA/WAWANREMBUG


PIDHATO, PARAGRAF, WAWANCARA/WAWANREMBUG
·      Pidhato : Pidhato yaiku micara ing sangajengipun tiyang kathah utawi umum.
Jenis-jenis pidhato :
-          Miturut Adhe dasar :
1.       Pidhato Pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utawa MC.
2.       Pidhato Pengarahan , yaitu pidhato kang ngarahake sawijining kagiyatan.
3.       Pidhato Sambutan , yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung siji.
4.       Pidhato Peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dening wong kang nduweni pangaribowo kang ngresmikake samu barang.
5.       Pidhato Laporan, yaiku pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utaa kegiatan.
6.       Pidhato Pertanggungjawabn, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utawa kagiyatan.
-          Miturut Ancasipun sesorah
1.       Sesorah Persuasif inggih menika sesorh kanthi ancas mikut ( mmpengaruhi) pamirengipun.
2.       Sesorah Argumentatif ingih menika sesorah kanthi ancas ngyakinaken pemirengipun.
3.       Sesorah Informasi inggih menika ngwehi katrangan.
4.       Sesorah Deskripsi inggih menika sesorah kanthi ancas ngaturaken gegambaran kawontenan.
5.       Sesorah Rekreatif inggih enika sesorah kanthi ancas atur panglipur.
-          Miturut Kahanan :
1.       Kaanan Resmi : Kanggo kaanan resmi, lumrahe pamicara maca naskah kang wis disiapake supaya ora salah anggone sesorah lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pamicara ora bisa ngandharake sesorahe sakarepe dhewe amarga  wektune wis diatur.
2.       Kaanan Setengah resmi : Pamicarane bisa ngandharake sesorah utawa pidhatone rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekake.
3.       Kaanan ora resmi : Pamicara bisa ngandharake sesorah utawa pidhatone miturut tujuan utawa selera pamirenge.
4.       Kaanan Liya-liya : Saliyane kaanan kang wis kaandharake iku, isih anakaanan kang uga nduweni pengaruh marang cara ngandharake sesorah, yaikupamirenge lungguh apa ngadeg,wektune esuk apa awan, anggone pidhato dhewe apa ana wong liya. Contone, yen pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkat wae.
-          Miturut Pendekatan :
1.       Pendekatan Intelektual : Pendekatan iki digunakake yen pamirenge nduwe pendhidhikan kang cukup.
2.       Pendekatan Moral : Pendekatan iki digunakake yen pamirenge seneng melu kagiyatan moral, apa maneh moral keagamaan. Pamicara bisa nganggo kutipan ayat suci utawa sumber liya kang cocog.
3.       Pendekatan Emosional :Pendekatan iki digunakake yen pamirenge kurang pendhidhikan. Pamirenge kang kaya mangkono gampang anggone nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula, kudu disenggol nganggo semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa liya-liyane kang bisa gawe gampang nampa.
-          Miturut tujuane :pahargyan. Den tujuane yakuwi
1.       Menehi Hiburan : sesorah jinis iki ditindakake ana ing acara pahargyan. Den tujuane yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pamicara mung ngandharake babagan kang gawe seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.
2.       Mnehi Kawruh : Sesorah iki isine ngandharake babagan kang sacetha-cethane, supaya pamireng ngerti. Pamicara bisa nganggo conto, mbandingake, nerangake, lan liya-liyanekang kabeh mau kanggo njelasake marang pamirenge.
3.        Ajak-ajak : Pamicara ngandharake alesan, bukti, lan conto supaya pamirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake pamicara. Sesorah iki umume jinis pidhato kampanye arep pemilihan umum.
Perangane Pidhato :
1. Uluk Salam / Salam Pembuka
2. Purwaka Basa : a. donga
                                    b. Atur Pakurmatan
                                    c. Atur Puji Syukur dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwasa
                                    d. Atur Panuwun
3. Surasane Basa/ Isi Pidhato/wosing gati
4. Pangajeg-ajeg
5. Wasana Basa
6. Salam Panutup
·      Paragraf
Paragraf yaiku perangane wacan / karangan kang dumadi saka pikiran pokok utawa pikiran utama lan pikiran katrangan  utawa pikiran penjelas.
Pikiran pokok ing paragraph iku diwujudake dadi ukara pokok utawa basa indonesiane kalimat utama. Dene pikiran katrangan diwujudake dadi ukara katrangan utawa bahasa indonesiane kalimat Indonesia.
Miturut papane ukara pokok, paragraph kaperang dadi ngisor iki :
1.       Paragraf Deduktif yaiku paragraph kang ukara pokoke ana ing perangan ngarep utawa dhuwur.
Tuladha :
Wortel biasane digunakake kanggo sayur dening ibu-ibu rumah tangga, nanging sejatine nduweni manfaat kanggo nambani lelara. Bocah kang cacingan bisa ditambani nganggo wortel. Carane yaiku wortel dikumbah resik banjur diparut. Parutan wortel di peres, dijupuk banyun udakara secangkir dicampur karo santen kenthel secangkir lan ditambah uyah sathitik nuli diudhak lan diunjuk.
2.       Paragraf Induktif yaiku paragraph kang ukara pokoke ana ing perangan mburi utawa ngisor.
Tuladha :
Kacang ijo iku bisa digunakake kanggo gawe bumbu isi bakpia. Kacang ijo uga bisa digawe bubur kacang ijo utawa burjo. Saliyane iku, kacang ijo bisa diolah dadi glepung. Lepung kacang ijo iku bisa kanggo tambah lara mag. Dadi, kacang ijo iku bisa diolah macem-macem lan nduweni manfaat kanggo kasarasan badan.
3.       Paragraf deduktif-induktif yaiku paragraph kang ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni maneh ana ing mburi kanthi variasine.
Tuladha :
Prinsip rukun kuwi kawedhar ing laku murih ora nuwuhake cangkran kalaqan liyane. Prabeda kang dumadi tinampa minangka sarat kagayuhe jagad gedhe lan jagad cilik kang asipat imbang. Urmat mring liyan kadunungake jumbruh drajat lan pangkat  kanggo ngudi kawujude urip kang tansah lelandhesan rukun lan urmat kuwi mau, wong jawa nduwe laku cacah papat, yakuwi laku batin, laku rasa, laku papan, lan laku tumindak. Sing genah, congkrah kalawan liyan kudu disingkiri ora cocog karo prisip rukun.
4.       Paragraf kang ukara pokoke sumebar ana ing kabeh ukara ing paragraph iku.
Tuladhane :
Omahku ana kampong kang asri. Ing ngarep omahku an ataman kang nyenengake. Omahku madhep ngetan, dadi yen esuk kena panasing srengenge. Temboke dicet putih. Lawang-lawange abu-abu. Semono uga pager ngarep omah, digawe saka wesi cete rupane abu-abu.
·      Wawancara/wawanrembug
Wawancara/wawanrembug punika mados informasi saking tiyang ingkang dipunwastani narasumber. Anggenipun wawancara kedah migatosaken tata krama basa.
Ingkang kedah dipungatosaken saderengipun wawancara :
1.       Nemtokake tema wawancara
2.       Nemtokake tujuanipun
3.       Nyiapake pitakenan
4.        Nemtokake narasumber lan damel janji
Nalika wawancara kedah migatosaken babagan :
1.       Miwiti wawancara kanthi salam
2.       Ngginakaken basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa
3.       Paninggalipun tumuju ing narasumber
4         Ampun damel pitakenan kang wangsulanipun ‘nggih ‘ utawi ‘mboten’
5         Mungkasi wawancara kanthi agunging panuwun.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar